Selasa, 22 Januari 2013

Contoh Pidato Bahasa Jawa


Berikut ini adalah contoh teks pidato bahasa jawa, semoga bermanfaat

BUDI PEKERTI

Assalamualaikum Wr. Wb

            Ingkang kula kurmati Ibu Guru lan konco-koncoku sing tak tresnoni. Minangki awalipun monggo kita sesarengan manjataken puja lan puji syukur dhumateng gusti Allah ingkang maringin kenikmatan sahingga kita bisa saged kumpul ing kelas niki.

            Sholawat lan salam mugi katur dhumateng Nabi Muhammad SAW, sumrabah dhateng kaluwarganipun, para sahabat, lan para panderekipun.

            Dalem bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kitha sami saged ngangsu kawruh babakan budi pekerti ingkang luhur. Agami Islam mrehatosaken sanget babakan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng Nabi Muhammad SAW kautus wonten ingalam dunya supados nyampurnaaken budi pekerti. Kasebat wonten kitab suci Al-Quran : Wa inna la’alaa kuluqin adziim, ingkang artosipun mekaten : saktemene jroning tindak tanduk Rasulullah niku wonten budi pekerti ingkang luhur. Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdonipun Rasulullah SAW ingkang surasanipun : Innama buitsu liutammima makarimal akhlaq, artosipum kirang langkung : sak temene ingsun dipun utus kagem nyampurnaaken budi pekerti.

            Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih punika kitha kedah nggadahi andap ashor dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpamanipun unggah-ungguhh murid kalihan Bapak soho Ibu guru. Ugi unggah dhumateng tiyang sepuh kekalih, para tangga, lan sedoyo tiyang sanes. Mboten kesupen kalihan poro mitro soho kanca.

            Menawi kitha saget mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedaya papan saha panggenan, kitha saged gesang guyup rukun loh jinawe tata tentrem karta raharja.

            Kawula kinten cekap semanten mbok bilih wonten purwa, madya, soho purna ceweting, atur kawula ingkang mboten mranani wonten penggalih sami, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar